Pit Tromol sing dadi seksi
Tresnane inyong maring rika
Ora owah ora gingsir
Kaya glindhingan sing terus ngglindhing
Nganti alus merga kekarepane inyong sing tulus
Bisaa njagong jejer semandhing
Pit tromol song dadi seksi
Tresnane maring ko
Sadhel anyar sing barengi tuwuhe anyare tresnane inyong
Sekang kulit sing esih kandel
Ora liya merga kandele gegayuhan
Maring ko bener-bener ngandel
Menawa ko gelem urip bareng karo inyong
Pit tromol sing dadi seksi
Tresnane inyong maring ko
Pitung taun lawase inyong nglakoni
Sliwar sliwer sekang Jero Tengah gutul Pekuncen
Awan wengi, panas udan ora peduli
Dalan watu pating brenjul nganti tiba meng blumbang, tek tilalahi
Merga sekang gedhene tresnane inyong, bisaa gutul dadi penganten
Pit tromol sing dadi seksi
Tresnane inyong maring ko
Bisa dadi seksi lan mengkone
Bisaha gutul kaken-kaken ninen-ninen
( Hary Setyawan, ANCAS Magazine edisi Nopember 2011, khusus untuk istriku tercinta Sri Purwani )facebook :
sdn1kemawi@yahoo.co.id
sdn1kemawi@yahoo.co.id
eghm2....
BalasHapus